Selasa, 15 April 2008

Guyonane Bekas Presiden

NDHELOK nang tivine kompas.com ana tetenger “tertawa bersama Gus Dur…” utawa "gumujeng sareng sami Gus Dur" sing isine guyonane mantan presiden Endosa, asmanipun Abdurrahman Wahid, ndok acarane Akbar Tanjung. Bang Akbar wayah kuwi ngluncurna web’e sing jejuluk http://www.bangakbar.com/ nek ora kleru tanggal 5 April 2008. Ora patek’a jelas aku ngrungokake guyonane ananging sing malewa-lewa yo guyonan kaya ngene iki:
1. Pak Akbar iki lak wong mbatak. Wong batak kuwi yen dhewekan, bakale dadi pendeta. Terus khotbah nang endi-endi. Yen ana loro wong mbatak, dha dolanan sekak. Sing jenenge juara dunia sekak wae njuk ditantang. Wong mbatak menawa ana telu, njuk padha ngedhegna vokal grup, terus nyanyi nang endhi-endhi. Hla piye yen wong mbatak ana papat? Padha ngedhekna Parpol.
2. …ngutip pendapate Profesor Doktor Mohammad Mahfud MD. Ngerti tho artine MD kuwi opo? MD yo Medura.
3. Aku karo pak Akbar ki gerakanne padha, yakuwi mikirake bangsa lan Negara. Aturan-aturan ki yo dienggo. Nang partai barang yo ngono kuwi, yen ana suara-suara ki yo lumrah. Dadi tunggu wae sing jenenge pemecatan-pemecatan kuwi ojo kuatir.
4. Aku ki ora bisa basa liyane. Ojo mbok kon basa liyane. Aku mbiyen nate ditakoni Lee Kuan Yew, “Panjenengan kok saged basa Inggris saking pundhi..”. Batinku iki wong cina klontong wae njaluk dijawab pitakonane
5. Bagian penutupe aluk-aluk lak biasane “wa bilahit taufik wa hidayat”. Kuwi nggone NU eh malah disilih Golkar. Terus almarhum Kyai Ahmad Abdul Khamid saka Kendal ngganti tetembungan ngango “Wallahumaa wa fitilah bila ahwa ni sanin wa thoriq”. Kuwi uga disilih. Kanggoku yen awakku iki disilih yo kudu dibalekna, malah yen iso luwih. Kanggo panutup ingsun akhirre nganggo “wa bilahit taufik wa hidayat, wa ridhlo wa innayah ..assalamu’alaikum warohmatullahi wa barokatuh”.

Guyonane Gus Dur ndok ndukur sing nomer siji sing jelas. Nomer loro nganti lima mung saktleraman wae. Dadi yen kleru yo sepurane yo Dab.

Tidak ada komentar: