Senin, 14 April 2008

Ngalamat Apik utawa Elek

WONG Jawa kerep nanda marang samukawis sing ditampa. Paribasane entuk ’ngalamat' sing bisa untung utawa buntung. Iso ngenai babagan awak, dina, utawa kedaden. Misale ketiban cecak kuwi ngalamat elek. Ngimpi ketemu macan kuwi etungane apik. Ing tulisan iki aku arep crita babagan pinanda sing ditampa awak. Contone KEDUTEN, wis tau tho? Keduten ora mung pinanda biasa, dibedhakna kedutan mata kiwa apa tengen, terus mata sing ndhuwur apa ngisor. Ana primbon sing nulis yen keduten mata tengen kuwi apik –mbuh tengen ngisor utawa ndhuwur. Ana primbon sing menehake tetenger yen mata ndhuwur kedhutan iku sing paling apik –mbuh kiwa mbuh tengen. Terus kuping nguing-nguing kuwi wong Jawa mirasatake yen ana ’telpun’ saka Gusti Ingkang Murbeng Jagad, awake dhewe kudu ngati-ati. Yen ceguken jare arep gelis gedhe. Yeng angop terus tanda apa yo Cah yo... tandha yen ngantuk.
Saiki radha ngilmiah. Tandha-tandha nang awak kuwi kudu diperhatekna, aja disepelekna hlo Dab. Keduten nang mata, tandhane awakmu kurang turu lan gak nate istirahat. Sajake kowe kesel lan sutris eh... stres. Angop terus, tandha yen kowe kurang gerak. Utekmu kurang oksigen. Yen gulumu terus ceguken, mangkakno kowe ora mangan babar blas, kuwi tandha yen kowe stress uga. Ombenana gula pasir ning sithik wae. Sikil KERAM tandha yen awakmu kurang banyu, uga kesitiken kalsium lan magnesium. Ngombe banyu sing akeh tinimbang sedina-dinane, lan yen perlu ngunjuk susu kalsium.

Tidak ada komentar: