Jumat, 17 Oktober 2008

Ngamerika Krisis Ekonomine

NGATASI krisis Amerika 2008, biyen terakhir dheknen krisis tahun 1929. Piye solusine. Embuh iki versi ndagel utawa serius sumonggo pikirno dhewe. Soalle jaman saiki antarane guyon karo tenanan angel dibedhakne. Sing kapisan yakuwi “mangan ora mangan kumpul”. Romo Presiden SBY ngomong babagan iku kanthi “apabila kita bersatu dan mengatasi permasalahan bersama” kaya kuwe. Maksudku awake dhewe iki kumpul terus dadi siji. Jarene lak ”Rukun agawe santosa”, soalle yen ora ‘rukun’ kuwi santosa ora bakal lair. Nomer loro kuncine yakuwi “mangan yen kumpul kumpul”. Pas ngumpul kudu mbiyantu sedulur kareben iso mangan. “Tega larane ora tega patine”. Nomer telu, balik nang Pembukaan UUD Alinea IV yakuwi pentinge Negara kanggo “memajukan kesejahteraan umum, melindungi segenap tumpah darah Indonesia , mencerdaskan kehidupan bangsa”, lan “melaksanakan ketertiban dunia”. Aja kok satus persen dikekna nang pasar. Sing pungkasan ananging ora kalah pentinge (the last but not least) yakuwi digunakake dalil Quran lan Hadist, sing ngendikan manawi duit gak entuk diadoltinuku. Duit kudu ketemu karo barang. Ora mung Quran, Injil uga ngomongake babagan iku. Kareben ora ana meneh siklus sing krisis 30 tahunan, rongpuluh, utawa malah sepuluh tahunan.

Kamis, 07 Agustus 2008

Wong Jawa Genti Jeneng

MISAL'E panjenengan duwe anak bar alir ceprot kok titimangsane loro-loronen terus. Mbuh jenenge seseg, pilek, utawa babak bundas, piye candhake? Wong jawa niteni lan menehi tanggepan: mungkin jenenge bocah kuwi kabotan. Hla anakmu kudu genti jeneng. Carane kaya kuwe: (takkutip seka bukune Almarhum Rama Mangun, ”Pohon-pohon Sesawi”, 1999, halaman 2). Bocah bayi kuwi dilebokne jogangan nang kebon (jogangan kaya panggonan sampah), kareben dikira karo dhemit utawa roh jahat mbok menawa bocahe dianggep wis mati, utawa dibuwang. Ucapno mantra-mantra kaya ngene iki: Adigang Adigung Adiguna, Adiguna Adigung Adigang, Adigang Adiguna Adigung, Metua Minggata Matia, Saka Bayi wadon bayi lanang, Bocah lanang bocah wadon, Metua minggata matia, Matia minggata metua e’Adigang Adigung Adiguna. Ben aja kaya kebo kuwate, Ben aja kaya cebong sirahe, ben aja kaya merak umuk’e. E bayi bocah bocah bayi bocah, lanang wadon wadon lanang, gantia balungmu, gantia sirahmu, gantia atimu, gantia jenengmu, gantia niatmu lansapanunggalane. Akeh banget he Dab, kesel sing ku ngetik

Rabu, 16 April 2008

Presiden Dha Mbojo Meneh

JENENGE wong mbojo nganti 2 (loro) utawa luwih kerep diceluk Poligami kuwi kerep dikritik wong Barat. Tapi piye yen diadhepna wong sing ora gelem poligami neng gaweane mung selingkuh, utawa malah pacaran karo wong liya. Lak malah samsoyo kejem. Pancen sing paling apik kuwi mbojo mung siji nganti kaken ninen. Ananging jenenge wong lanang ketemu kenya sing dudu bojone terus kroso cocok njuk piye jal... hla yen ngono kuwi poligami dadi pilihan sing luwih becik. Yen poliandri piye? Ora entuk. Filsafat’e wong Tiongkok sing “yin yang” negesake menawa wong wadon bakalan saya amoh. Wanito wadon kuwi YIN. Hla yen YANG utawa prio kuwi bakal samsaya kuwat aurane menawa bojo akeh. Wacanen bukune Djenar Maesa Ayu nang novele “Biru’ yen ora kleru.

Iki kedadean nang Presiden Perancis karo Presiden Rusia. Oalah, jabang bayik, dadi wong wadon pancen ngenes. Ning yo wong wadon sing dadi bojo tuwa. Wong wadon sing dadi bojo enom sing untung. Presiden Perancis Nicolas Sarkozy medhot bebojoan karo bojo lawas sing jenenge Caecilia wulan Oktober 2007 padahal omah-omah sakwise 11 tahun. Njuk dheweke dadi manten karo model jenenge Carla Bruni wulan Februari tahun 2008 wingi. Pakdhe Sarkozy umur 52 terus jeng Bruni umur 39.

Hla sasi iki, April 2008, sing jenenge Presiden Rusia Vladimir Putin umur 55 arep mbojo karo bekas atlet senam Rusia jenenge Alina Kabaeva umur 24. Mangkakno karo bojo lawas’e sing nembe dipegat jeneng Ludmilla wis ngentukake anak wadon loro umur 23 sing mbarep, karo 21. Artine apa: Putin mbojo karo kenya sak’umurane anak-anake. Sajake kat tahun 2000 wong loro kuwi pacaran –sumbere kompas.com.

Nanggapi loro kedadean ngono kuwi lak yo bojo tuwa sing apes. Wis menehi anak loro terus omah-omah sawetara urip eeehh hla kok dipegat. Coba yen poligami, terus sing lanang yo adil, wah urip katon sumringah. Wong Endonesa akeh kok conthone ngono kuwi. Bojo loro ning iso jodho. Yen ngene iki opo yo ora nek poligami luwih nyenengke ati.

Selasa, 15 April 2008

Guyonane Bekas Presiden

NDHELOK nang tivine kompas.com ana tetenger “tertawa bersama Gus Dur…” utawa "gumujeng sareng sami Gus Dur" sing isine guyonane mantan presiden Endosa, asmanipun Abdurrahman Wahid, ndok acarane Akbar Tanjung. Bang Akbar wayah kuwi ngluncurna web’e sing jejuluk http://www.bangakbar.com/ nek ora kleru tanggal 5 April 2008. Ora patek’a jelas aku ngrungokake guyonane ananging sing malewa-lewa yo guyonan kaya ngene iki:
1. Pak Akbar iki lak wong mbatak. Wong batak kuwi yen dhewekan, bakale dadi pendeta. Terus khotbah nang endi-endi. Yen ana loro wong mbatak, dha dolanan sekak. Sing jenenge juara dunia sekak wae njuk ditantang. Wong mbatak menawa ana telu, njuk padha ngedhegna vokal grup, terus nyanyi nang endhi-endhi. Hla piye yen wong mbatak ana papat? Padha ngedhekna Parpol.
2. …ngutip pendapate Profesor Doktor Mohammad Mahfud MD. Ngerti tho artine MD kuwi opo? MD yo Medura.
3. Aku karo pak Akbar ki gerakanne padha, yakuwi mikirake bangsa lan Negara. Aturan-aturan ki yo dienggo. Nang partai barang yo ngono kuwi, yen ana suara-suara ki yo lumrah. Dadi tunggu wae sing jenenge pemecatan-pemecatan kuwi ojo kuatir.
4. Aku ki ora bisa basa liyane. Ojo mbok kon basa liyane. Aku mbiyen nate ditakoni Lee Kuan Yew, “Panjenengan kok saged basa Inggris saking pundhi..”. Batinku iki wong cina klontong wae njaluk dijawab pitakonane
5. Bagian penutupe aluk-aluk lak biasane “wa bilahit taufik wa hidayat”. Kuwi nggone NU eh malah disilih Golkar. Terus almarhum Kyai Ahmad Abdul Khamid saka Kendal ngganti tetembungan ngango “Wallahumaa wa fitilah bila ahwa ni sanin wa thoriq”. Kuwi uga disilih. Kanggoku yen awakku iki disilih yo kudu dibalekna, malah yen iso luwih. Kanggo panutup ingsun akhirre nganggo “wa bilahit taufik wa hidayat, wa ridhlo wa innayah ..assalamu’alaikum warohmatullahi wa barokatuh”.

Guyonane Gus Dur ndok ndukur sing nomer siji sing jelas. Nomer loro nganti lima mung saktleraman wae. Dadi yen kleru yo sepurane yo Dab.

Senin, 14 April 2008

Ngalamat Apik utawa Elek

WONG Jawa kerep nanda marang samukawis sing ditampa. Paribasane entuk ’ngalamat' sing bisa untung utawa buntung. Iso ngenai babagan awak, dina, utawa kedaden. Misale ketiban cecak kuwi ngalamat elek. Ngimpi ketemu macan kuwi etungane apik. Ing tulisan iki aku arep crita babagan pinanda sing ditampa awak. Contone KEDUTEN, wis tau tho? Keduten ora mung pinanda biasa, dibedhakna kedutan mata kiwa apa tengen, terus mata sing ndhuwur apa ngisor. Ana primbon sing nulis yen keduten mata tengen kuwi apik –mbuh tengen ngisor utawa ndhuwur. Ana primbon sing menehake tetenger yen mata ndhuwur kedhutan iku sing paling apik –mbuh kiwa mbuh tengen. Terus kuping nguing-nguing kuwi wong Jawa mirasatake yen ana ’telpun’ saka Gusti Ingkang Murbeng Jagad, awake dhewe kudu ngati-ati. Yen ceguken jare arep gelis gedhe. Yeng angop terus tanda apa yo Cah yo... tandha yen ngantuk.
Saiki radha ngilmiah. Tandha-tandha nang awak kuwi kudu diperhatekna, aja disepelekna hlo Dab. Keduten nang mata, tandhane awakmu kurang turu lan gak nate istirahat. Sajake kowe kesel lan sutris eh... stres. Angop terus, tandha yen kowe kurang gerak. Utekmu kurang oksigen. Yen gulumu terus ceguken, mangkakno kowe ora mangan babar blas, kuwi tandha yen kowe stress uga. Ombenana gula pasir ning sithik wae. Sikil KERAM tandha yen awakmu kurang banyu, uga kesitiken kalsium lan magnesium. Ngombe banyu sing akeh tinimbang sedina-dinane, lan yen perlu ngunjuk susu kalsium.

Kamis, 10 April 2008

Lelagon RAP Cara Jawa

Lelagon ‘Rap’ yen nurut Benyamin Sueb utawa Iwa K basa Betawi-ne "ngedumel". Kaya lagu anak-anak basa Endonesa kaya iki: “Sim sim terimakasim SIM simpak daun rambutan TAN tanduk ular mati TI tikus maen di loteng TENG tengok burung bertelor LOR lori jalannya maju JU jual minyak wangi NGI ngitung duit seperak RAK rakus makannya sapi PI pitak palanya soleh LEH lenong main di kampung PUNG pungut anak perawan WAN wandutdut suara gendang dangdangdangdutdut ...lan sateruse”. Hla yen unen-unen sing digawe lagu nganggo basa Jawa aku mbiyen nate diweruhi Bapakku, yakuwi kaya iki
“Ayo mulih madhang DANG dangkal tebu BU bule kacang CANG cangkir jubung BUNG bungku dele LE letong sapi PI pindhang asu SU sugih utang TANG tanggal siji JI jimantolo LO lobaklubis BIS bistaraja JA jaka bagus GUS gusti kula LA lombok abang BANG bangku dhuwur WUR wurawari RI rina wengi NGI ngilo kaca CA cara landha DHA dhokokake KE kere ngemis MIS mesam mesem SEM semar mendem DEM demok gedhang DHANG …mbalik maneh nang awal

Ora Digatekna -Presiden Nesu

Menawi mboten klentu dinten Selasa tanggal 08 Ngapril wonten pelatihan Bupati lan Walikota ing Lemhannas Njakarta. Wektu kuwi sing ngomong nang mimbar pak Presiden, eh hla kok ujug-ujug dhewek'e duka: "Sopo sing turu kuwi. TANGEKNA. Iya sing kuwi. Yen arep ngorok nang njobo kana wae. Dadi pimpinan piye bakal iso ngatur rakyat'e yen mung turu thok! Po ra isin karo rakyat'e sing milih. Ngrungokne babagan kanggo rakyate wae malah ngantuk. Aja dolanan karo tanggungjawabmu. Dosa hlo kaya ngono kuwi, salah kon karo rakyatmu... (lan sateruse)". Piye nanggapi peristiwa kaya ngono kuwi?
Penggalih utawa perspektif KAPISAN: pancen bupatine kuwi payah tenan. Mung lungguh wae kok ora betah. Piye yen dheweke dho mudhun nang pinggir kali terus ngrungokake sambatanne wong lumrah, mesthi ra gelem merga panas -tur jemek (merga pinggir kali tho)
Penggalih KAPINDHO: pak Susilo ya kudu instropeksi, hla wong pidato mboseni sapa sing ora keturon. Critane jare ngene, bupati wis dikumplukna kat jam 6 esuk, kanggo ngrungakne pidato presiden jam 8. Sopo sing ora kaliren, ngono ora usah diseneni. Bupati kan wong lapangan, sing ora betah ndodhok nang AC
Penggalih KATELU: Pak Susilo kuwi wong bioso ugo sing bakal dongkol atine yen ora digaktekake. Nesu ya lumrah, ben kanggo pelajaran Bupati kuwi, rasakna suk mben bupatine kuwi ora digatekna ngisoran'e pisan
Penggalih KAPAPAT: Pak Muladi ketuwane Lemhannas wis ngamati yen Bupati kuwi ana lara 'kencing manis' dadi lumrah yen ngantukan. Mestine pak presiden njaluk ngapura karo wong kuwi
Penggalih KALIMA: sing ngerti 'mood' orane Pak presiden mestine lak yo bojone alias ibu negara. Hla pitakonan sabanjure: apa dhek bengi ana kedadean sing ora enak mranani ing penggalih'e pak Presiden -sing nggawe pak SBY mung uringuringan pas kuwi
Penggalih ping ENEM: kadadean iki lak mung kriwikan, ojo dadi grojokan. Mosok mong ngono wae kabeh televisi njuk nayangna kaya ngombe obat -sedina ping limo

Para kancha kabeh lan kadhang karo sedulur, takhubungake karo dadine pak Boediono nglenggahi kursi Gubernur Bank Indonesia (dina Rebo sanga ngapril), aku mbiyen wis tau turu nglipus nang ngarep wektu kuliah Ekonomi Indonesia. Blaik, untunge, dheweke ora nesu babar blas. Berarti pancen dosen tenan, ora kemropok ewadene ana sing nyepelekake, hehe. Tapi esbeye kuwi lak presiden tho -yo 'cen dudu dosen
-dosen: ilmune sakdos gajine sak sen, Lemhannas: dilem gen tahan panas-