Kamis, 10 April 2008

Ora Digatekna -Presiden Nesu

Menawi mboten klentu dinten Selasa tanggal 08 Ngapril wonten pelatihan Bupati lan Walikota ing Lemhannas Njakarta. Wektu kuwi sing ngomong nang mimbar pak Presiden, eh hla kok ujug-ujug dhewek'e duka: "Sopo sing turu kuwi. TANGEKNA. Iya sing kuwi. Yen arep ngorok nang njobo kana wae. Dadi pimpinan piye bakal iso ngatur rakyat'e yen mung turu thok! Po ra isin karo rakyat'e sing milih. Ngrungokne babagan kanggo rakyate wae malah ngantuk. Aja dolanan karo tanggungjawabmu. Dosa hlo kaya ngono kuwi, salah kon karo rakyatmu... (lan sateruse)". Piye nanggapi peristiwa kaya ngono kuwi?
Penggalih utawa perspektif KAPISAN: pancen bupatine kuwi payah tenan. Mung lungguh wae kok ora betah. Piye yen dheweke dho mudhun nang pinggir kali terus ngrungokake sambatanne wong lumrah, mesthi ra gelem merga panas -tur jemek (merga pinggir kali tho)
Penggalih KAPINDHO: pak Susilo ya kudu instropeksi, hla wong pidato mboseni sapa sing ora keturon. Critane jare ngene, bupati wis dikumplukna kat jam 6 esuk, kanggo ngrungakne pidato presiden jam 8. Sopo sing ora kaliren, ngono ora usah diseneni. Bupati kan wong lapangan, sing ora betah ndodhok nang AC
Penggalih KATELU: Pak Susilo kuwi wong bioso ugo sing bakal dongkol atine yen ora digaktekake. Nesu ya lumrah, ben kanggo pelajaran Bupati kuwi, rasakna suk mben bupatine kuwi ora digatekna ngisoran'e pisan
Penggalih KAPAPAT: Pak Muladi ketuwane Lemhannas wis ngamati yen Bupati kuwi ana lara 'kencing manis' dadi lumrah yen ngantukan. Mestine pak presiden njaluk ngapura karo wong kuwi
Penggalih KALIMA: sing ngerti 'mood' orane Pak presiden mestine lak yo bojone alias ibu negara. Hla pitakonan sabanjure: apa dhek bengi ana kedadean sing ora enak mranani ing penggalih'e pak Presiden -sing nggawe pak SBY mung uringuringan pas kuwi
Penggalih ping ENEM: kadadean iki lak mung kriwikan, ojo dadi grojokan. Mosok mong ngono wae kabeh televisi njuk nayangna kaya ngombe obat -sedina ping limo

Para kancha kabeh lan kadhang karo sedulur, takhubungake karo dadine pak Boediono nglenggahi kursi Gubernur Bank Indonesia (dina Rebo sanga ngapril), aku mbiyen wis tau turu nglipus nang ngarep wektu kuliah Ekonomi Indonesia. Blaik, untunge, dheweke ora nesu babar blas. Berarti pancen dosen tenan, ora kemropok ewadene ana sing nyepelekake, hehe. Tapi esbeye kuwi lak presiden tho -yo 'cen dudu dosen
-dosen: ilmune sakdos gajine sak sen, Lemhannas: dilem gen tahan panas-

Tidak ada komentar: