Kamis, 10 April 2008

Lelagon RAP Cara Jawa

Lelagon ‘Rap’ yen nurut Benyamin Sueb utawa Iwa K basa Betawi-ne "ngedumel". Kaya lagu anak-anak basa Endonesa kaya iki: “Sim sim terimakasim SIM simpak daun rambutan TAN tanduk ular mati TI tikus maen di loteng TENG tengok burung bertelor LOR lori jalannya maju JU jual minyak wangi NGI ngitung duit seperak RAK rakus makannya sapi PI pitak palanya soleh LEH lenong main di kampung PUNG pungut anak perawan WAN wandutdut suara gendang dangdangdangdutdut ...lan sateruse”. Hla yen unen-unen sing digawe lagu nganggo basa Jawa aku mbiyen nate diweruhi Bapakku, yakuwi kaya iki
“Ayo mulih madhang DANG dangkal tebu BU bule kacang CANG cangkir jubung BUNG bungku dele LE letong sapi PI pindhang asu SU sugih utang TANG tanggal siji JI jimantolo LO lobaklubis BIS bistaraja JA jaka bagus GUS gusti kula LA lombok abang BANG bangku dhuwur WUR wurawari RI rina wengi NGI ngilo kaca CA cara landha DHA dhokokake KE kere ngemis MIS mesam mesem SEM semar mendem DEM demok gedhang DHANG …mbalik maneh nang awal

1 komentar:

Unknown mengatakan...

ini versi lain,dari ayahku:Mbok simbok...aku tukokno tebu bungkil kacang ayo cang ,cangkir bumbung ,bungkus dele,lethong sapi,pindang asu,sugih utang, tanggal si,jimantolo,lobaklopis,pistorojo ,joko bagus,gusti kulo,lombok abang,bangku dhuwur ,wura wari, rina wengi,ngilo koco,cara londo, ndomek siliiiiit...kopeteng ayo teng ,tengah ndalan,lante sepur,purbowangi,ngilo koco,coro londo, ndomek siliiiit....danseterusnya